Ngoyak Layangan
Pedhot, Malah Iso Dadi Perkoro
Ing sawijining
dina, awan sing panas banget, Parjo lagi lelingguhan karo ngombe es teh gawean
ibune ning teras ngarep omahe. De’e ngrasa gek bosen tenan. Banjur Parjo mikir,
“Kepiye nek aku dolanan wae? Tapi dolanan opo?”. Ujug-ujug Sarno, Bhisma, lan
Dhani, teka ning omahe. “Jo, njaluk es tehmu! Puanas tenan iki.” omonge Sarno,
“Wegaah!” wangsulku. “Eh Jo, piye nek
adewe, wong papat iki, ngunduh layangan? Aku bosen tenan jee..” ujug-ujug
Bhismo ngomong, “Haa? Puanas ngene iki? Wegaaah.” wangsulku. “Ho’o aku yo wegah
nek awan-awan ngene iki. Piye nek mengko sore wae? Kan mesthine ra panas
banget.” Dhani melu-melu ngomong. “Lha aku setuju!” wangsulku, Bhismo, lan
Sarno bareng-bareng.
Sore-sorene, cah
papat mau kumpul ning sawah. Seko cah papat mau, sing nggowo layangan ming cah
loro. Aku lan Sarno ora nggowo layangan alias ra nduwe. “Lhah, kepriye to kok
ra nggowo? Jarene meh ngunduh layangan?” protese Bhismo sing pertama ngajakki,
“Ash been, mengko nunggu dhotan wae.”
wangsulku santai banjur Sarno manggut-manggut.
Wes selang
telung puluh menitan Aku karo kanca-kancaku ngundhuh layangan. Lan wes selang
telung puluh menit uga raeneng dhotan. Aku lan Sarno ming ngrewangi Dhani lan Bhismo
ngundhuh layangane. Mak bedundhuk, mak jegagik, ujug-ujug ning langit ono
layangan bebas mabur ngendhi-endhi alias dhotan. “Dhotaaan! Dhotaaan!!!!” Aku,
Dhani, Bhismo, lan Sarno banjur mlayu. Aku sing pertama ndelok mlayu ndhisik.
Layangane tibo ning sawah seberang. Aku mlayu wae, padahal nyebrang dhalan, lan
aku ra ndelok kiwa-tengen sikik. Ora disangka lan diduga, ana montor ngebut,
bar kuwi, ciit! , “Parjoooooooo!!!” kancaku, bocah telu mau mbengok banter
banget. Aku kaget banjur ngindar, “Ya Allah Parjooo!!” bengok e kanca-kancaku.
“Kowe rapopo to, Jo?” takonne Dhani. Untung aku slamet, nek ora mboh piye
nasibku. “Kowe ki mbok ngati-ati, piye nek kowe mau ketabrak? Mosok adewe
nggotong kowe? Abot lho kowe ki.”,”Ho’o Jo, ndelok kiwa-tengen sik. Piye e kowe
ki.”,”Aku wegah nek kon nggotong kowe tenan. “Uwis-uwislah, sing penting saiki
aku slamet, sehat wal afiat. Sesok-sesok aku ngati-ati tenan wes to.”
Wangsulanku mbela awakku dewe.
Nah, Parjo bar
kuwi langsung di antemi kanca-kancane, tapi mung geguyon. Dadi, kowe misal e
meh nyebrang dhalan kuwi ndelok –ndelok sikik. Ngati-ati, ojo asal mlayu
wae. Mengko dadine koyo Parjo nek
tenanan ketenggel montor mau. Intine mek siji, ngati-ati nek mlaku, ojo
grusa-grusu, mergane kuwi pengaruh ning masa depanmu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar